Ing wanci enjing
Nalika bagaskara anggelar rasa
Sumlenget ing angga rumasa
Tuwuh panguripan ing donya
Gedhe pangarep-areping karsa
Kepareng aku ngangeti sliramu
Wanci siyang sansaya krasa
Panasing surya mbakar driya
Dleweran kringet tambah ndadra
Luru rejeki rana-rana
Nanging sing ditampa ora mingsra
Laraning lara tanpa pangupa jiwa
Ewon cacahe kang padha nandhang sangsara
Ati-atine tekaning wengi
Ing wengi kang sepi kebak wewasi
Sak dalu muput mikir lintang siji
Ana ngendi panggonan sinare
Kang bisa madhangi ati
Padak
esuk nembe krasa
Dudu
salahe sing nyipta
Lakune
dhewe kang ora lumrah
Nrajang
laranganing agama
Saiki
kari nampa dukaning Gusti
Enggala
eling mumpung durung kadung
Saking kulo : Yoga Febriana [asli tiang Jawa] :D


0 komentar:
Posting Komentar